Rabu, 18 Juni 2008

JANGKA JAYABAYA



JANGKA-JAYABAYA
BUDHA AKSARA ATMAN WIYASA.
SEDDA-WAKYA

Punika cariosipun, prabu jayabaya ing kadhiri, kala katemuan panditha saking rum, nama maulana ngali samsyujen.
Prabu jangka jaya baya langkung hormat katemuan panditha linuih misuwur saged ameco, uningo saderengipun winarah.
Prabu jayabaya lajeng ngipun puruito ing suraosipun jangka-jangka ingkang ghoib-ghoib wewadosing cipto sasmito. Sesampunipun putus sadaya nunten maulana ngali samsujen amedaraken sakataing jangka ingkang sampun kasebat ing salebeting kitab musarar sadaya; sarto nyariosaken kala ing nungsa jawi taksih suwung dereng isi manungsa.
Kala semanten wonten dhawuhing sasmitha sultan galbah ing rum kinen angsani sakatahing pulo-pulo ingkng taksih suwung dereng wonten manungsonipun .
Kanjeng sultan galbah lajeng andedhawuh dumateng patihipun kinen ameriksaning sekatahipun pulo-pulo ingkang dereng isi manungso. Sangka patih lajeng andangu para nahkoda ingkang sampun sami lepas purugipun denira ngambah samodra.
aturipun para nangkhoda, inggih wonten pullo satunggal pernah sakidul wetaning tanah Hindustan watawis lelayaran kawan doso dinten kawan doso ndalu, ubengipun temu gelang wonten wukiripun ageng-ageng langkung kalih doso iji, ingkang allit-alit akathah warananipun, punika taksih sepen dereng wonten manungsanipun.
Sang nindyo mantra matur jeng sultan amertalekaken aturing nangkodha sanga patih dinawuhan kinen sesaosa tiyang kalih lekso somah ingkang pepek sapiranttosipun sadaya, sesampunipun samapto, lajeng kaangkataken kawrat ing baito, dumugi ing tanah jawi anjujug wukir kandha inggih punika ing hardi kendheng.
Kala semanten datengipun tiyang rum wonten ing tanah jawi wulan rum anuju ing wulan nisan etaning tahun adam, awit kala kanjeng adam katurunaken dating ngalam donyo
Dumugining ingtanh jawi, kaisenan titiyang sakig rumingknag wiwitan kaetang ing tahun serengenge angsal 5154 warsa; kaaetang ing tahun rembulan angsal 5306 warsa menggah wecaning jangka awit ing tanah jawi ing tanah jawi kaisenan titiyang saking rum ingkang kapisan dumugining pun ing dinten kiyamat kubro kaetang among meningi 2110 warsa ing tahun srengenge utawi angsal 2173 warsa ing tahun rembulan
Kacarios titiyang saking rum, 20.000 somah wau lajeng sami babat wana wukir sakurutipun hardhi khendeng sadaya. Sareng antawis angsal katarab ing lelembut, breksan tuwin mangso ing sato galak kakinten amung kantun kalih dososomah sami klapajeng anumpal keli ing lautan dating nagari rum.
Kauningan kanjeng sultan galbah, lajeng animbali sakathahing para pandhita poro topo ingkang sakiti-sakti, kinen sami animbali angkering tanah jawi, serto utusan kinen anitik bade panggenaipun tetumbal ing dinuto raja pandhito langkung dibyo sekti nama ngusman ngaji
Sareng ing antawis kaleh tahun kanjeng sultan rum utusan amasing tumbal jimat kasing para pandhita,poro topo dumugi ing tanh jawi tetumbal wau pinasan amaju sekawan gangsal ing tengah kala awit pamasangipun ing wulan rum amerangi ing wulan akhyar ing tahun rum amerangi 555
Sesampunipun purna pamasangipun sowing-sowang pernah gangsal punika, ing dhalem selikur dinten sagunging lellembut brekasaan ageng alit sadaya sami ngungsi datheng samodra. Sareng ing ngatawis tigang tahun, kanjeng sultan rum utusan maunduti tiyang datheng tanah ing Hindustan
ngacarani prabu jayabaya lajeng ing sanggar palanaggatan ing nalika punika ajar subrata sumerep badhe nyobi kewaskitanipun prabu jayabaya dene kawartos titisan syang hyang wisnu, nunten asasmitha dateng endhangipun kinen amedal nyaosaken ingkang pasugatan. Sareng dumugi ing ngarsa nata kawistoro pasugatanipun ajar subrata awarnis pitung prakawis inggih punika:

Kunir sarimpang 5. Bawang pethak satakir
Juadah satakir 6. Sekar melati satakir
Getih satakir 7. Sekar seruni satakir
Kajar sawit
Ajar subrata anyumanggakaken cecaosanipun pasugatan.
Prabu jayabaya sareng ngawuningani pasugatanipun ajar subrata awarni pitunng prekawis sakalangnkung dukanig panggalih, lajenng narik curigo ki ajar subroto tinusuk pejak layon mukswa, endhangipun badeh lumajeng cinandhak lajeng dipun wasesakaken sinuduk pejah
Prabu anom jayamijaya sakaangkung ngungun denira aringali dukanira ingkang rama, dene marasepahipun kawisesa tanpa dosa.
Sang prabu jayabaya kundur, lajeng dipun pangandikani kaliyar pangrarapu basa manuara; dhuh…purtaningsun kaki prabu anom ing panggedhongan ojo sira sungkawa ing patine mar-tuwonira, ing sejatine duso marang karaton, mung para para panditha kang dadi bebundel sinuhun-nuhun marang akeh mangkona karepe si ajar subrata karana ingsun wis winejang marang guru ingsun sang maulan ngali samsujen sabarang kawruhe padha lan ingsun.
Prabu anom andheku, lajeng menggah tegesipun sesegahan wau dunungipun satunggal-tunggal prabu jayabaya ngunandika: wruhanira kulup ingsun panjelmane wisnumurti, kabubuhan agawe raharjane bumi-bumi dene panitah ingsun mung kari kapindo, katelu ingsun iki ingsakpungkure ingsun saka khadiri nuki tumitah ana ing malwapati antara ingsun tumitah maneh ana ing jenggala mbesuk sak pungkuri ingsun saka jenggala wus ora tumitah ing tanah jawa meneh, karana duduk bubuhan ingsun, temah rusakiing jagad ingsun ora keni melu-melu lan kahanan ingsun wus ghinaib tunggal ana sajroning tekening guru ingsun. Ingkono tibane sasmitha kang dadi sesuguhane ki ajar subrata mau dumunung ana ing jaman tataning kraton kaping pitu tanah salin-slain alame, seje-seje pranatane iku wekasno marang putunira ing wuri-wuri dene pretelone kraton kappppppping pitung tanah iku mangkene:
Aran djaman anderpati, ana sajroning jaman kala wisesa kuthane den arani pajajaran, tanpo adil lan tanpa yudha Negara wadale wung cilik arupa mas, iku lire sesuguhe si ajar subrata marang ingsun kang arupa kunir serimpang. Sirnane kraton mergo wawan-wawan phado kadang endi kang rosa saya andodro anghgone amangun yuda ing dalem 100 tahun rusaking Negara.
Aran jaman srikala raja pati dawaraja khutane den arani majapahit ananne yuda Negara sawatara, wadale arupa wong arupa salaka, iki lire seseguhi ki ajar kang rupa jawadah terarkhir. Ing dalem 100.,seratus tahun sirnane kraton, amergo lawanlawan lan araja putra dhewe.
Aran jaman adiyati, ana sajroning jaman kalawisaya iku awit ana adil kukum miwah nagara krama, akekhutho ing bumi bintoro, wadale won cilik ametu bau suku, iku lire kang arupo getir satakir; sirnone kraton amergi kraton wawan-wawan lawan kang anggaduh pengadilan
Ing sajronin g jaman kalajangga, ana kang jumeneng ratu binanthoro kutane ana den arani pajang iku awit ana pikunan prakara wedale wong cilik methu sarupaning desa iku lire sesuguhe si ajar kang arupo kajar sawit, sirnane kraton amergo wawan-wawan lawan putro angkat
Ing sajroning jaman kala sakti, ana kang jumeneng ratu binantoro kkuthane ana den arani mataramiku awit ana pranata gama, panata praja wedale wong cilik real saloko, ikulire sesuguhe si ajar kang arupo bawang putih satakir ing antara mangsa ana perang tinalungan ratu nahkhoda prakoso sugih raja, brana ing kona sirepmungsuhe kabeh, sirnanne kraton amergo wawan-wawan lawan raja putro sekutu
Sajroning jaman kala jaya ana jaaning ratu kutila tegese parupane wong cilik paa nggrangsang amergo banget kurang pangan, kang jumeneng ratu akekutho ana ing wanakerto wedale wong cilik arupo real iku lire sesuguhe si ajar kang arupo kembang melati satakir anng antara mangsa iku kratone kasundang ing rowang tegese padha-padha agentenan sanake, iku awet ana bebendu ilang barekating bumi, akeh manungsa kasrekat, ana kang wismo kang margo miwah ing pasar sirnaning kraton margo wawn-wawan lawan bangsa sebrang
Ing sajroning kalabendu, ana jamanninng ratu hartati, tegese sarupaning wong cilik kang kaesthi ammung arto ing kana ananne kraton kembar ing pajang lan mataram. Wedale wong cilik werno-werno ana methhu mas salaka, beras pari sapanunggalane, iku lire ki ajar kang arupo kembang sruni satakir. Ing antara mangsa sanngsaya mundhak-mundhak pajege wong cilik, ana margo gagaman miwah rajakaya sapanuggalane, krana samsoyo mundhak-mundhak musbating nangara kongsi ratu adiling ratu, wong cilik padha jawal marmane ratu tanpa pramerto, akeh wahyuning drubikso apagaling wonng salin-salin won wadon ilang wirange, akeh wong mlarat kadrodo, wong bandol tulus medosol tan keneo rinapu akeh maling marandhang malang ing marga akeh grahono suryo lan condro, udan awu claret tahun gung, udan salah mongso, agung prang rerusuhan, mungsuhe ora karuhan, iku llire si ajar barancuh endange tinemokake lan ingsun, tinemokake lan ingsun, ing wektu iku wus peparak wekasaning jaman kalabendu nuli sinalinan jaman mulyaning panjenengan nata, ing kono raharjo-raharjone tanah ilangn memalling bumi, mergo sinapih ratu ginaib wijilin utama den arani ratu amisan, krana liwih dama miskin, adage tanpa syarat sadawir ngadam makdum panjenengane noto kedatone sonyo ruri tegese tanapa sarana-apa-apa ora ono sakoro-sakoro dhuk maksih kineker deninng pangerane kasampar balik jumeneng ratu pinandhita adil paramatho, lumuh marang arto kasebut sultan HERUCOKRO
Ing nalika teko tanpa sangkan, tan angadu bala manungsa, prajurite mung sirrullah parandene pada rerep, sirep kabeh kang mengsah kabarubuh tumpes tapis kang amuki karena ratu amrih kertaning Negara lan harjaning jagad kabeh.
Dhahare ing dalem setahun mung den wangeni petung ewu reyal ora keno luwih.

Bumi sajung pajege sadinar ing dalem setahun, sawah sewu metu sewang, ing dalem sadina, wus bebas tanono taker turun apa-apa marmane padha enak atine wong cilik, dening murah sandang pangan, tan ana durjana dursilo pada tobat, wedi wilalate ratu adil kang kkekutho ing bumi pethik parek lawan kali ketonggo ing sajroning alam pudhak.
Panjenengan notomung turun pindho, kateluno ngalih kutho marang bumi ketangga cepit ing karangbaya, tumurun putro sirno mergo wawan-wawan lawan nafsune dhewe.
Bali marang panjenengan ratu luwih bagus wernani dadi kudang kekidungane wadya bala, akekhuta ing kadhiri turun teluh angalih kita marang tanah Madura ora lawan sirno mergo wawan-wawan lawan kekasihe.
Nuli ana panjenengan ratu tetelu tungggal padha sejaman:
Akhekutha ing bumi kapanasan.
akhekutho ing bumi tembalang
akekutha ing bumi gegelang
ing antara antuk 30 tahun padha sulaya wekasan sirno katelu pisan.
Ing kono ora ono panjenengan ratu, para bupati kang ngamonco projo padha nggratu dhehe-dhewe awit ora ana kang den sebani, ing antara tahun, nuli ana ratu sebrang ing nunngso srenggi jumeneng nata ing tanah jawa, akhekutha akhekutha aneng lor wetaning gunung indrakila, sukuning wukir candradimuka
Ing antara tahun nuli ana prajurit saka ing RUM angluruki sreggi kang jumeneng nata imng tanah jawa, ratu saka ing nungsa srenggi kalah sirno sakwadiobolone. Ing kono prajurit saka ing rum akaryo ratu, tedhake sultan herucokro, akhekutha sakwetaning kali umpak iku luwih harjo negarane den arani inng ngamartalaya, turun telu katekan dino kiyamat, iku umuring tanah jawa ambeneri 2100 warsa ing tahun srengenge utowo2163 warso tahun rembulan

Telas pangandikanipun prabu jayabaya, prabu anom sampun suko lego raosing penggalih




Selasa, 06 Mei 2008

jurnal BPMW

PENYIAR SHOLAWAT WAHIDIYAH
BIDANG PEMBINA MAHASISWA WAHIDIYAH
Sekretariat: “Pesantren At-Tahdzib” (PA) Rejoagung Ngoro Jombang
61473 JAWA TIMUR Telp./Fax (0354) 326720

PROGRAM KERJA BIDANG PEMBINA MAHASISWA PUSAT
MASA KHIDMAH 2006-2011

A.Pendahuluan
Masa pasca Muskub V-2006 s.d. Mujahadah Kubro Rajab 1428 H merupakan masa transisi bagi Bidang Pembina Mahasiswa Wahidiyah (BPMW). Hal ini disebabkan oleh karena kerja BPMW terkuras untuk proses legalisasi lini eksekutifnya (Badan Pembina Mahasiswa Wahidiyah), eksplorasi, pengenalan, adaptasi, dan penggalian informasi untuk penyusunan personalia Badan PMW.
Di antara Bidang-Bidang di DPP PSW, BPMW dapat dibilang paling lambat dalam penyusunan program kerja. Hal ini disebabkan oleh karena SK kepengurusan Badan belum dapat segera diproses dan diberikan sehubungan dengan belum tuntasnya masa seleksi dan penetapan personalia tersebut. Tetapi minimal, BPMW mempunyai konsep ke depan yang bersifat strategis sebagai landasannya.
Khusus BPMW, sesuai dengan peran strategisnya, langkah-langkah pelengkapan personalia dan program kerjanya, selanjutnya realisasi program kerja dan evaluasinya memerlukan kecerdasan khusus.
B.Program Kerja Pasca Muskub V-2006 sampai dengan Mujahadah Kubro Muharram 1428 H
Masa ini merupakan masa pembentukan, pengenalan, konsolidasi, dan penyusunan program kerja lima tahun ke depan pasca pembentukan BPMW dengan kelengkapan personalianya berdasarkan SK kepengurusan BPMW dari DPP PSW pada bulan Juli atau Agustus 2006. Sedangkan pola penyusunan program yang digunakan adalah gabungan pola vertikal dan horisontal. Pola vertikal didasarkan atas dua hal landasan, yakni: (1) pembentukan, kedudukan, tugas pokok, fungsi, susunan dan tata kerja BPMW sebagaimana tersebut dalam SK tersebut dan (2) Konsep Dasar Strategis (KDS) BPMW Pusat. KDS ini merupakan ikhtiar kreatif awal untuk didiskusikan, diorganisasi, dan selanjutnya direalisasikan sejauh kemungkinan yang dapat dicapai.
Secara rinci dan ringkas program kerja BPMW pada pasca Muskub V-2006 sampai dengan Mujahadah Kubro Muharram 1428 H terfokus pada lima program sebagaimana penjelasan di bawah ini.
1.Konfirmasi dengan dan penggalian informasi dari DPP PSW serta Ketua Bidang PMW dan pengurus BPMW Pusat periode sebelumnya.
2.Penyusunan personalia BPMW masa khidmah 2006-2011, dengan mempertimbangkan berbagai seleksi, kemungkinan yang ada, dan keputusan rakernas BPMW Muharram 1427 H. Hasil penyusunan ini diusulkan kepada DPP PSW untuk memperoleh legalitas organisasi berupa SK.
3.Penyusunan “Konsep Dasar Strategis BPMW Pusat” sebagaimana terlampir.
4.Konsolidasi BPMW Pusat.
5.Ta’aruf (silaturrahmi) Nasional BPMW. Isi kegiatan ini adalah meliputi tiga poin, yakni:
a.Saling kenal kepengurusan BPMW Pusat dan BPMW-BPMW daerah-daerah.
b.Pendataan keorganisasian HIMAPASHWA yang sudah ada.
c.Eksplorasi BPMW Pusat terhadap kondisi lapangan BPMW-BPMW di daerah-daerah,
d.Menghimpun masukan jenis, kualitas, dan prioritas program kegiatan lima tahun ke depan.
Hasil ta’aruf nasional dijadikan bahan awal untuk rakernas BPMW pada Muharram 1428 H.
C.Penutup
Demikian sekilas Program Kerja Pasca Muskub V-2006 sampai dengan Mujahadah Kubro Muharram 1428 H BPMW Pusat. Kemudian tentang penyusunan dan pelaksanaan program selanjutnya dilaksanakan dengan strategi sebagaimana dijelaskan pada Konsep Dasar Strategis BPMW Pusat terlampir. Tentang tujuan, sasaran, dan pengorganisasian program kerja tersebut di atas akan digodog lebih lanjut bersama Badan PMW pada kesempatan lain.
Rejoagung, 5 Agustus 2006
Ketua Bidang Pembinaan Mahasiswa Pusat,


Achmad Dzaky, MHI

jurnal BPMW

Sabtu, 05 April 2008

hamemayu hayuning bawana



hamemayu hayuning bawana bumi nusa kang aran nuswantoro podoh gemah nandang prapto kang dadi prahoro ing nagari hindu nusa yen siro kabeh kang aran bangsa jawa yektine pawelleng iki bakal dadi katone dunya sopo kang mestine nyonggo tlatah jawi dwipo ...